“Budi Pekerti Luhur”
Poro
juri engkang kinormatan,
Sesepuh
dalasan pinisepuh engkang kinormatan,
Rencang-rencang
engkang kaulo tresnani,
Assalamu’alaikum
warohmatullahi wabarokatuh,
Sakderenge
kawula matur, mangga kitha sami-sami munjuk raos syukur wonten ngarsanipun
Allah murba ing dumadi. Wondene ing wedal punika kitha tasih saged ngraosaken
endahing iman soho Islam. Kaping kalih ipun shalawat soho salam mugi tansah
kalimpahaken dumateng jujungan kito nabi Muhammad solallahu alaihi wasalam
ingkang sampun nedah aken kito margi engkang leres.
Para
sederek sedoyo enkang kinormatan,
Dalem
bingah sanget wonten wekdal meniko, amargi kitha sami saged ngangsu kawruh
babakan budi pekerti engkang luhur. Agami islam mrehatosaken sanget babakan
budi pekerti ingkang luhur. Kanjeng nabi Muhammad solallahu alaihi wasalam
kautus wonten ing alam dunya supados nyampurnaaken budi pekerti. Kasebat woten
kitab suci Alqur’an; Wainnaka
la’alaa khuluqin adziim. Ingkang artosipun mekaten: saktemene jroning
tindak tanduk rosululoh niku woten budi pekerti engkang luhur. Ugi Dipun
jelasaken wonten ing sabdonipun Rasulullah Sollahu alaihi wasalam ingkang
surasanipun; Innama buistu
liutammima makarimal akhlaq. Artosipun kirang langkung, sak temene Ingsun
dipun utus kagem nyampurnaaken budi pekerti.
Para
sederek sedoyo engkang kinormatan,
Dados
sampun cetha wela-wela, bilih tiyang islam kedah nggadahi budi pekerti ingkang
luhur. Budi pekerti ingkang luhur inggih punika sedaya tindak tanduk ingkang
sae. Ingkang natrapi paugeranipun agami islam.
Sagunging
para rawuh dahat kinormatan,
Salah
satunggaling sorah budi pekerti ingkang luhur inggih punika kitha kedah
nggadahi andap asor dumateng tiyang ingkang langkung sepuh. Umpaminipun unggah
ungguh murid kaliyan Bapak soho Ibu guru. Ugi unggah ungguh dumateng tiyang
sepuh kekalih, para tangga, lan sedoyo tiyang sanes. Mboten kesupen kaliyan
poro mitro soho konco.
Menawi
kitha saget mbiasakaken budi pekerti ingkang luhur wonten sedaya papan saha
panggenan, kitha saget gesang guyup rukun loh jinawe tata tentrem karta
raharja.
Para
sederek ingkang kawula tresnani,
Kawula
kinten cekap semanten. Mbok bilih wonten purwa, madya, soho purna ceweting atur
kawula ingkang boten mranani wonten penggalih panjenengan sami, kawula nyuwun
agunging samudra pangaksami.
Wassalamu’alaikum
warohmatullahi wabarokatuh.
Itulah
naskah pidato basa (bahasa) Jawa yang dapat kami share di sini. Semoga
memberikan manfaat bagi pembaca semua.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar